Dunia Online Tak Kenal Tanggalan

Sebuah kekhawatiran tiba-tiba muncul dari suatu hal yang mungkin tak banyak digubris oleh rekan-rekan kerja saya sebelumnya. Tepatnya, tentang ancaman penjatuhan (kembali) nama baik via media online.

Hari ini ada tonggak sejarah baru tertancap di lingkungan kerjaku. Pencerahan dari Sang Maha Kuasa muncul begitu saja tanpa kami memintanya. Sebuah kekhawatiran tiba-tiba muncul dari suatu hal yang mungkin tak banyak digubris oleh rekan-rekan kerja saya sebelumnya. Tepatnya, tentang ancaman penjatuhan (kembali) nama baik via media online.

Media online yang dulu dianggap dewa penolong dalam penyaluran segala macam informasi, kini berbalik menjadi hal yang ditakuti. Ada suatu pola pemanfaatan media sebagai ajang penjatuhan nama baik. Tak tahu siapa yang paling diuntungkan, yang jelas, ada suatu keuntungan yang didapat sesaat setelah menulis berita secara online.

Berawal dari kejadian kriminal yang kebetulan menyangkut nama institusi kami, akhirnya muncullah beberapa berita yang hingga kini kami nilai mencoreng nama baik. Berita yang semestinya sudah kadaluwarsa, muncul kembali begitu saja. Dan dapat kami pastikan akan meracuni siapa saja.

Kalau begini aturannya, menulis berita tak perlu pakai tanggalan lagi. Berita lama yang menyakitkan tetap bisa meracuni siapa saja, kapan saja, dan di mana saja.

Wati Salon #4 (Habis)

Bu Sri miwiti anggone mepe kumbahan. Kelingan yen garwane durung budhal, terus ngendikan rada banter, “Ngenteni apa ta, Pak?!” karo meres kumbahan. Terus dikebutne.

“Ngosik. Nggoleki rek. Mbok deleh ngendi mau?!”

“Enek sandhing kompor!” semaure Bu Sri.

Padha ngertenana ya pra kanca, kompore Bu Sri kuwi yen diceklekne wis ora isa murup dhewe. Kudu diceklekne, terus dicedhaki geni. Lagi isa mak wug!

“Angger njilih kok ora gelem mbalekne!” ngendikane Pak Wira karo nganthongi korek, “Wis, aku budhal sik, Bu!”

Bu Sri rampung olehe mepeni kumbahan. Bar mbalekne ember neng jedhing, kaget merga weruh sepatune Wati gemblethak neng cedhak cendhela sisih njaba, “Pak! Pake! Gusti Allah… Mengko dhisik, aja budhal sik!”

Pak Wira melu kaget. Terus mlayu. Semelang yen bojone kenek apa-apa. “Enek apa, Bu? Enek apa?!”

“Iki lho, coba pirsanana! Sepatune putrimu mbok guwak rene! Tujune ora digondhol ngasu!” Bu Sri semremet.

Pak Wira ora ngendikan apa-apa. Piyambake bingung campur getun. Saya suwe dirasak-rasakne, ana wisikan ghaib kang ngusik isi atine.

Ing atase sepatu kok nganti keri. Iki cetha pratandha kang ora kena disepelekake.

“Bu, coba sepatu gawanen rene! Pasangane sisan!” panjaluke Pak Wira. Terus mlaku nyang teras. Lungguh.

Karo ngelungne sepatu, Bu Sri isih nesu, “Arep mbok kapakne?! Pirang mbara ya ndang di…” durung nganti rampung wis didhisiki Pak Wira.

“Bu, tulung kowe menenga dhisik!”

Bu Sri ndhingkluk. Melu lungguh jejer bojone.

“Bu, coba rungokna. Aku wis nyuwun pirsa bab kedadeyan sepatu sing keri iki. Manut karo apa kang wus dak tampa, dimen kabeh padha rahayu slamet, luwih becik Wati aja disekolahne dhisik. Titik!” karo mbalekne sepatune Wati nyang pangkone Bu Sri.

“Nanging, Pak,” Bu Sri mbrebes. Sepatu didekep.

“Ora susah digetuni, Bu. Yen durung wektune, dikapak-kapakna mung dadi pikiran.”

“Pak…” Bu Sri nggondheli tangane Pak Wira.

“Ora apa-apa, Bu. Sing lila, ya. Iki ya kanggo kabecikane Wati, anake dhewe. Mara gage kana paranana putrimu menyang sekolahan. Matura karo Pak Guru, yen Wati durung tekan wayahe sekolah,” ngendikane Pak Wira iki mungkasi crita kang wus pirang-pirang dina dianti-anti dening para maos.

(Cuthel)

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

Wati Salon #1

ESUK UTHUK-UTHUK. KIRA-KIRA JAM SETENGAH NEM. PAK WIRA BAR SIRAM. BU SRI NYEPAKNE SARAPAN.

BU SRI
Iki lho, Pak! Segane goreng wis mateng.

PAK WIRA
Ya. Ngko sik. Tak salin sisan.

BU SRI
(Lungguh. Serbete dikalungne pundhak. Terus sangga uwang)
Hhh… Tau-taune ya ora ngaggo acara salin siliminthi barang. Hengh!

PAK WIRA
(Metu saka kamar. Nyambi nglebokne benik sing ngisor dhewe)
Ngapa, ta ngapa? Kok gembreneng dhewe?

BU SRI
Odak. Wis ndang gek didhahar. Selak anyep, ora enak.

PAK WIRA
Wah, sega goreng ta iki?

BU SRI
Udu! Bubur ayam!

PAK WIRA
Bubur ayam ya nganggo duduh. Wong iki garing.

BU SRI
Injih, Pak. Sampun mangertos. Sumangga dipunrahapi saksekecanipun… (Jempole di aturne)

PAK WIRA
Injih, Bu Sri. Maturnuwun. (Karo ndhingkluk)

PAK WIRA TERUS DHAHAR. URUNG NGASI RAMPUNG, ANAKE WEDOK GEMBYENG.

WATI
(Mlayu nyedhak bapakane. Nudohne tase cangklong. Rupane biru)
Pak! Tas anyar kok wis suwek, ta?

BU SRI
Hayo, Wati. Mriki, mriki. Bapake jik dhahar.

PAK WIRA
Kana, Ndhuk. Ben dianokne Bue, ya.

BU SRI
Iki jenenge ora suwek, Ndhuk Cah Ayu. Ngene iki gur urung mbok lerekne.

WATI ORA NGGAGAS IBUNE. MALAH IBUT NATA SETUTE. ENEK BOLONGAN WADHAH SETUT SING DURUNG DILIWATI.

ESUK IKI WATI MLEBU SEKOLAH SD SING SEPISANAN. MULANE KABEH SARWA ANYAR. DADI MBINGUNGNE.

WATI
Bu, topiku wis pas, ya?

BU SRI
Uwis. Iki ndang dinggo tase. (Karo nyangklongne tas neng pundhake Wati)

WATI
Bu, Bue. Tak bisiki. (Ngawe ibune. Diaturi nyedhek dheke)

BU SRI
Apa?

WATI
(Lirih)
Mosok kanthonganku apik. Enek gambare barang. Ning ra enek isine? Aku khawatir, Bu. 😀

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)