Ilmiah Adalah

Ilmiah adalah bersifat ilmu; secara ilmu pengetahuan; memenuhi syarat (kaidah) ilmu pengetahuan. Kalau tidak percaya, buka saja di sini (http://kbbi.web.id/ilmiah).

Jangan ragu untuk menjawab ‘tidak tahu’. Kalau ingin yang lebih elegan, bisa bilang gini, “Maaf, itu bukan kapasitas saya.”

Saya tidak malu kalau harus bilang tidak tahu. Aku ora ngerti. Sori, aku ora mudheng. Karena Mbah Guru berpesan, “Wong ora mudheng kuwi asline wis nate sinau. Mung wae, durung teka titi wancine ngerti.

Jika kita terlanjur paham bahwa masyarakat ilmiah itu terdiri dari komunitas homogen yang berpredikat ngerti/mudheng, maka sudah selayaknya paradigma itu kita ubah. Karena tidak bisa kita pungkiri, saat ini, di sudut-sudut kampung ilmiah, banyak diisi oleh golongan minoritas yang menghargai ketidaktahuan sebagai proses ilmiah.

Kesimpulannya, kalau merasa benar, belum tentu lebih tinggi predikatnya daripada mereka yang tidak tahu.

Wati Salon #4 (Habis)

Bu Sri miwiti anggone mepe kumbahan. Kelingan yen garwane durung budhal, terus ngendikan rada banter, “Ngenteni apa ta, Pak?!” karo meres kumbahan. Terus dikebutne.

“Ngosik. Nggoleki rek. Mbok deleh ngendi mau?!”

“Enek sandhing kompor!” semaure Bu Sri.

Padha ngertenana ya pra kanca, kompore Bu Sri kuwi yen diceklekne wis ora isa murup dhewe. Kudu diceklekne, terus dicedhaki geni. Lagi isa mak wug!

“Angger njilih kok ora gelem mbalekne!” ngendikane Pak Wira karo nganthongi korek, “Wis, aku budhal sik, Bu!”

Bu Sri rampung olehe mepeni kumbahan. Bar mbalekne ember neng jedhing, kaget merga weruh sepatune Wati gemblethak neng cedhak cendhela sisih njaba, “Pak! Pake! Gusti Allah… Mengko dhisik, aja budhal sik!”

Pak Wira melu kaget. Terus mlayu. Semelang yen bojone kenek apa-apa. “Enek apa, Bu? Enek apa?!”

“Iki lho, coba pirsanana! Sepatune putrimu mbok guwak rene! Tujune ora digondhol ngasu!” Bu Sri semremet.

Pak Wira ora ngendikan apa-apa. Piyambake bingung campur getun. Saya suwe dirasak-rasakne, ana wisikan ghaib kang ngusik isi atine.

Ing atase sepatu kok nganti keri. Iki cetha pratandha kang ora kena disepelekake.

“Bu, coba sepatu gawanen rene! Pasangane sisan!” panjaluke Pak Wira. Terus mlaku nyang teras. Lungguh.

Karo ngelungne sepatu, Bu Sri isih nesu, “Arep mbok kapakne?! Pirang mbara ya ndang di…” durung nganti rampung wis didhisiki Pak Wira.

“Bu, tulung kowe menenga dhisik!”

Bu Sri ndhingkluk. Melu lungguh jejer bojone.

“Bu, coba rungokna. Aku wis nyuwun pirsa bab kedadeyan sepatu sing keri iki. Manut karo apa kang wus dak tampa, dimen kabeh padha rahayu slamet, luwih becik Wati aja disekolahne dhisik. Titik!” karo mbalekne sepatune Wati nyang pangkone Bu Sri.

“Nanging, Pak,” Bu Sri mbrebes. Sepatu didekep.

“Ora susah digetuni, Bu. Yen durung wektune, dikapak-kapakna mung dadi pikiran.”

“Pak…” Bu Sri nggondheli tangane Pak Wira.

“Ora apa-apa, Bu. Sing lila, ya. Iki ya kanggo kabecikane Wati, anake dhewe. Mara gage kana paranana putrimu menyang sekolahan. Matura karo Pak Guru, yen Wati durung tekan wayahe sekolah,” ngendikane Pak Wira iki mungkasi crita kang wus pirang-pirang dina dianti-anti dening para maos.

(Cuthel)

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

Wati Salon #3

WATI MLAYU NUTUTI KANCA-KANCANE. CAH TELU MAU WIS MLAKU DHISIK. WIS MEH TEKAN NGAREP GERBANG SEKOLAHAN.

ANI
(Mandheg. Noleh mburi)
Ngosik, ta cah. Alon-alon. Wati wis neng mburi kae lho!

ANDI
Halah, wis ben. Tinggal wae! Ngko nek wayahe tekan kene lak ya tekan. (Sedhakep. Sirahe ndhangak. Tetep mlaku)
ANI
Andi ki ra setia kawan!

BUDI
Ngapa ta, kok dha rame?

ANI
Awas kowe, Ndi! Ra tak tiruni PR!

ANDI
Ya aja ngono ta, An. Plis.

ANI
Pokoke!

BUDI
Bocah nek lucu ya ngene iki.

ANI
Kowe ya ra tak tiruni len, Bud!

ANDI
Kapok kowe, Bud!

BUDI
Heh! Ngerti sekolahane wae urung, lho! Kok wis arep tirunan PR!

ANI & ANDI
Oh, iya, ya! Kamu pintar, Bud! (Cah loro njongkongne pundhake Budi)

BUDI
Hmm…

WATI TEKA. MENGGEH-MENGGEH. BAR MLAYU.

WATI
(Isih menggeh-menggeh)
Haduh. Sepurane ya, cah. Aku rada suwi. Mau ngenteni sangu.
(Ngusapi bathuke sing oda enek kringete)

ANI
Oke, Ani. Never mind. Ayo gek mlebu gerbang sekolah. (Ngepuk-puk pundhake Wati. Noleh neng kancane lanang loro mau)
Ayo, cah!

CAH PAPAT TERUS JEJER ANA NGAREP GERBANG. GANDHENGAN. SIAP-SIAP AREP MLUMPAT MLEBU SEKOLAHAN.

WATI, ANI, ANDI, & BUDI
Ayo! Satuuu, duaaa…

DURUNG NGANTI ETUNGAN TIGA, SAKA LANGIT KRUNGU SUARA GEMBLEGER.

PAK WIRA
Tigaaa!!!

BOCAH PAPAT PANDENG-PANDENGAN. TERUS ODA SIDA MLUMPAT. MUNG MLANGKAH MAK THUKLIK. BAR KUWI MLAYU KEWEDEN. MERGA KRUNGU SUARA SING GEMBLEGER MAU.

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

Wati Salon #2

BU SRI
Sing tenang, Ndhuk. Wis tak cepakne.

WATI
Ya, Bu. Aku percaya Ibu wis nyiapne sangu. Ndi, Bu? (Tangane ngathung)

BU SRI
Nyoh, Ndhuk. (Mak teplok. Dhuwit sewu wis neng tangane Wati)
Sing limang atus ditabung ya, Ndhuk ya!

WATI
Yaelah, Mah. Cuma segini?! (Nyengir)

BU SRI
Cah SD kuwi dhuwit sak mono wis akeh. Wong ya neng ngetas wis enek panganan.

WATI
Lha ngko nek aku pengin apa-apa piye, Bu?

BU SRI
Ya diempet dhisik ta, Ndhuk, Ndhuk.

WATI
Ngung, ngung, ngung… (Nggedumel ora cetha)

BU SRI
Eh, Ndhuk. Tak rungok-rungokne ket mau kok ora basa karo ibu?

WATI
Injih, Bu. Matur sembah nuwun dene kawula sampun dipunparingi sangu kangge jajan.

BU SRI
Nah, pinter. Putrane sinten?

WATI
Putranipun Bu Sri.

BU SRI
Biyuh, biyuh. Ayune neh. Iki tambahane sangu, (Milih dhuwit neng dompet. Nggoleki dhuwit ewon sing wis kepleh. Elik. Uthek rada suwi)

KRUNGU OMONG-OMONGANE WATI LAN IBUNE, PAK WIRA NGUPING. TAMBAH NESU NALIKA KRUNGU SEMAURE WATI SING KERI DHEWE. MOSOK ORA DIAKONI DADI BAPAK. PIYAMBAKE MANDHEG OLEHE NYEMIR SEPATUNE WATI. BANJUR NOLEH. SEPATU DIGUWAK METU. MAK SEMPRUNG NYEDHAKI BU SRI.

PAK WIRA
(Plak! Namplek tangane Bu Sri sing ngelungne sangu tambahan. Terus Bu Sri digeret nyang pawon)

O, dadi kaya ngono olehmu ngajari Wati basa?! Iya?! (Lirih ning getem-getem)

Kowe pengin, anakmu gelem basa mung yen entuk dhuwit?! Iya?!

Pikiren, Sri! Pikiren! (Karo nduding pilingane dhewe)

BU SRI
Ya sepurane wae ya, Pak. Aku kleru. (Ndhingkluk)

PAK WIRA
Ora papa. Wis kana. Tak atasane.

BU SRI BALI NEMONI WATI. YEN WIS NGENE IKI, APALANE PAK WIRA AREP NERUSNE SANDIWARANE. PARING TULADHA MRING PUTRINE.

BU SRI
Ndhuk, sangune ora sida tak tambahi, ya.

WATI
Yuh, emoh, emoh. Bue nakal. Jahat. Aku nangis arepan. Satuuu, duaaa… (Sikile gejrug-gejrug)

DURUNG NGANTI ETUNGAN TIGA, PAK WIRA METU SAKA PAWON.

PAK WIRA
Tiga! (Malang kerik)
Ndang nangisa! Ndang!

WATI
Boten, Pak. (Wedi)

PAK WIRA
Bocah aleman!
Kana gek budhal! Jare arep sekolah kok mung gembyeng wae!
(Mlaku nyang pawon. Mbuh njipuk apa)

WATI
Ayo, Bu! Terne! (Mewek. Nggandhuli tangane ibune)

BU SRI
Budhal dhewe ta, Ndhuk. Wong sekolahane mung kulon omah ngono kok. Kae lho wis dienteni kanca-kancamu. (Nduding neng njaba)

BUDI, ANI, & ANDI
Watiii! Ayo mangkat! (Nadane munggah midhun)

WATI
(Noleh kancane) Yuh, emoh!

PAK WIRA
(Metu saka pawon. Nggawa godok)
Urung sida budhal?!

WATI
(Kaget. Mak jranthal mlayu metu) Kula bidhal riyin. Dadah…

BU SRI GEDHEG-GEDHEG KARO MESEM. PAK WIRA NYUMET UDUT, JARE BEN TENANG.

(Bersambung)

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

Wati Salon #1

ESUK UTHUK-UTHUK. KIRA-KIRA JAM SETENGAH NEM. PAK WIRA BAR SIRAM. BU SRI NYEPAKNE SARAPAN.

BU SRI
Iki lho, Pak! Segane goreng wis mateng.

PAK WIRA
Ya. Ngko sik. Tak salin sisan.

BU SRI
(Lungguh. Serbete dikalungne pundhak. Terus sangga uwang)
Hhh… Tau-taune ya ora ngaggo acara salin siliminthi barang. Hengh!

PAK WIRA
(Metu saka kamar. Nyambi nglebokne benik sing ngisor dhewe)
Ngapa, ta ngapa? Kok gembreneng dhewe?

BU SRI
Odak. Wis ndang gek didhahar. Selak anyep, ora enak.

PAK WIRA
Wah, sega goreng ta iki?

BU SRI
Udu! Bubur ayam!

PAK WIRA
Bubur ayam ya nganggo duduh. Wong iki garing.

BU SRI
Injih, Pak. Sampun mangertos. Sumangga dipunrahapi saksekecanipun… (Jempole di aturne)

PAK WIRA
Injih, Bu Sri. Maturnuwun. (Karo ndhingkluk)

PAK WIRA TERUS DHAHAR. URUNG NGASI RAMPUNG, ANAKE WEDOK GEMBYENG.

WATI
(Mlayu nyedhak bapakane. Nudohne tase cangklong. Rupane biru)
Pak! Tas anyar kok wis suwek, ta?

BU SRI
Hayo, Wati. Mriki, mriki. Bapake jik dhahar.

PAK WIRA
Kana, Ndhuk. Ben dianokne Bue, ya.

BU SRI
Iki jenenge ora suwek, Ndhuk Cah Ayu. Ngene iki gur urung mbok lerekne.

WATI ORA NGGAGAS IBUNE. MALAH IBUT NATA SETUTE. ENEK BOLONGAN WADHAH SETUT SING DURUNG DILIWATI.

ESUK IKI WATI MLEBU SEKOLAH SD SING SEPISANAN. MULANE KABEH SARWA ANYAR. DADI MBINGUNGNE.

WATI
Bu, topiku wis pas, ya?

BU SRI
Uwis. Iki ndang dinggo tase. (Karo nyangklongne tas neng pundhake Wati)

WATI
Bu, Bue. Tak bisiki. (Ngawe ibune. Diaturi nyedhek dheke)

BU SRI
Apa?

WATI
(Lirih)
Mosok kanthonganku apik. Enek gambare barang. Ning ra enek isine? Aku khawatir, Bu. πŸ˜€

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

PAYUNG PELANGI

Sore tadi.

Sekian lama tak kupakai, payung pelangi kupinta menemaniku lagi. Menerjang derasnya hujan. Menapaki jalanan sunyi Dusun Dongol nan angker dan medeni.

Tibalah aku di bawah rerimbunan papringan milik Mbah Sular. Payung pelangi yang kupegang bergerak-gerak. Aku sendiri merasakan energi negatif yang mempengaruhinya.

Benar ternyata. Tak lama kemudian ia meronta. Ia makin lupa diri. Ingin sekali ia lepas dari genggaman tanganku ini. Sekuat tenaga kumenahan kehendaknya. Aku mobat-mabit kesana-kemari. Gapit pager patah berkeping-keping tertimpa badanku. Tanah di sekitarku makin mblethok saja. Peluran PNPM kini tak bersih lagi. Payung itu memporak-porandakan setiap sudut papringan milik Mbah Sular.

Aku tidak menyerah. Kubacakan mantra dari guruku. “Sil sil kwaci enak disisil. Kir kir sumingkira badan alus kang nguwasani ragane si payung iki! Ciyaaattt!” Dikombinasikan dengan Jurus Naga Gana, akhirnya aku bisa menguasainya.

Aku berhasil me-ngeplek-kan payung itu ke tanah. Lalu ia tersungkur.

Anehnya, selang beberapa detik, ia mingkup dengan sendirinya. Lalu membuka lagi. Berulang-ulang. Seolah mengejekku.

Sebentar kemudian ia berdiri. Mengambang di atas tanah sekitar satu meter.

Kugunakan Jurus Seribu Bayangan. Ratusan ragaku yang hanya duplikat itu berhasil mengecoh pengelihatannya. Lalu ragaku yang asli dengan sigap mencekik lehernya.

Tapi sayang. Jurus Ular Putih yang ia miliki berhasil mengelabuhiku. Payung pelangi mlurut dari genggamanku. Ia terbang. Menembus rerimbunan daun bambu hitam milik Mbah Sular. Mereka berguguran bagai tersengat panas bara api membara. Tetes-tetes air hujan minggir sejenak. Memberi jalan kepada payung pelangi yang akan mencapai kesejatiannya.

Tiba-tiba cahaya matahari menyelinap dari arah barat. Menggusur awan hitam nan pekat. Sisa-sisa air hujan yang masih nekat turun seolah berteriak keras, “Berbahagialah duhai payung pelangi. Wujudmu kini tak lagi bisa didekap oleh siapa pun. Termasuk Heri,”

Aku tertunduk lesu. Kuletakkan lututku di peluran PNPM. Meski berat, kuberusaha menengadah. Melihat kesejatian payung pelangi. “Meski kau kini telah sejati, tapi wujudmu tak nyata lagi. Tak seperti payungku yang kugenggam setengah jam tadi,”

Selamat Jalan Mbah Sakinah

Saya sangat terkejut. Lima hari setelah naskah drama satu adegan di bawah ini saya tulis, Mbah Sakinah meninggal dunia. Tanpa sakit yang menyiksa. Maafkan semua kesalahan saya, Mbah. Semoga engkau tenang di sisiNya. Diampuni segala dosa dan kesalahanmu. Serta diberikan tempat yang mulia.

Dan lewat tulisan ini pula aku memohon izin. Semoga namamu mampu menjadi pemicu tulisan-tulisanku selanjutnya. Meski aku tahu, beberapa hari ke depan aku belum berani menulis namamu.

Tak ada niat buruk apa pun yang aku miliki. Hingga aku memilih Bu Sakinah sebagai istri Pak Ngabdul. Hanya semacam kebolehjadian saja.

Tetapi aku yakin, kelak engkau pasti berdampingan di tempat indah denganNya. Bersama pula dengan Pak Ngabdul yang sudah lebih dulu menuju kesejatiannya.

Sekali lagi, aku mohon izih, Mbah. Kisahmu bersama Pak Ngabdul akan tetap aku tulis. Semoga dapat bermanfaat untuk semua orang. Khususnya aku, Heri.

Selamat jalan, Mbah Sakinah.

 

PAK NGABDUL
Bu,

BU NGABDUL
Ngapa ta, Pak?! (Sewot. Nyambi ngrajangi brambang)

PAK NGABDUL
Ora, tak takok.

BU NGABDUL
Takok mbok ya gek takok!

PAK NGABDUL
(Nyedhak. Lungguh jejere Bu Ngabdul)
Janjane jenengmu asli ki sapa ta, Bu?

BU NGABDUL
Lha genah Sakinah ngono kok! Ndadakan! Padikmen!

PAK NGABDUL
Nah, Sakinah. Oupet, opet, opet. Ayune neh…
(Njawil pipine bojone)

SAKINAH
Ah, embuh! Ngalih kana! (Nyikang-nyikang)