Wati Salon #2

BU SRI
Sing tenang, Ndhuk. Wis tak cepakne.

WATI
Ya, Bu. Aku percaya Ibu wis nyiapne sangu. Ndi, Bu? (Tangane ngathung)

BU SRI
Nyoh, Ndhuk. (Mak teplok. Dhuwit sewu wis neng tangane Wati)
Sing limang atus ditabung ya, Ndhuk ya!

WATI
Yaelah, Mah. Cuma segini?! (Nyengir)

BU SRI
Cah SD kuwi dhuwit sak mono wis akeh. Wong ya neng ngetas wis enek panganan.

WATI
Lha ngko nek aku pengin apa-apa piye, Bu?

BU SRI
Ya diempet dhisik ta, Ndhuk, Ndhuk.

WATI
Ngung, ngung, ngung… (Nggedumel ora cetha)

BU SRI
Eh, Ndhuk. Tak rungok-rungokne ket mau kok ora basa karo ibu?

WATI
Injih, Bu. Matur sembah nuwun dene kawula sampun dipunparingi sangu kangge jajan.

BU SRI
Nah, pinter. Putrane sinten?

WATI
Putranipun Bu Sri.

BU SRI
Biyuh, biyuh. Ayune neh. Iki tambahane sangu, (Milih dhuwit neng dompet. Nggoleki dhuwit ewon sing wis kepleh. Elik. Uthek rada suwi)

KRUNGU OMONG-OMONGANE WATI LAN IBUNE, PAK WIRA NGUPING. TAMBAH NESU NALIKA KRUNGU SEMAURE WATI SING KERI DHEWE. MOSOK ORA DIAKONI DADI BAPAK. PIYAMBAKE MANDHEG OLEHE NYEMIR SEPATUNE WATI. BANJUR NOLEH. SEPATU DIGUWAK METU. MAK SEMPRUNG NYEDHAKI BU SRI.

PAK WIRA
(Plak! Namplek tangane Bu Sri sing ngelungne sangu tambahan. Terus Bu Sri digeret nyang pawon)

O, dadi kaya ngono olehmu ngajari Wati basa?! Iya?! (Lirih ning getem-getem)

Kowe pengin, anakmu gelem basa mung yen entuk dhuwit?! Iya?!

Pikiren, Sri! Pikiren! (Karo nduding pilingane dhewe)

BU SRI
Ya sepurane wae ya, Pak. Aku kleru. (Ndhingkluk)

PAK WIRA
Ora papa. Wis kana. Tak atasane.

BU SRI BALI NEMONI WATI. YEN WIS NGENE IKI, APALANE PAK WIRA AREP NERUSNE SANDIWARANE. PARING TULADHA MRING PUTRINE.

BU SRI
Ndhuk, sangune ora sida tak tambahi, ya.

WATI
Yuh, emoh, emoh. Bue nakal. Jahat. Aku nangis arepan. Satuuu, duaaa… (Sikile gejrug-gejrug)

DURUNG NGANTI ETUNGAN TIGA, PAK WIRA METU SAKA PAWON.

PAK WIRA
Tiga! (Malang kerik)
Ndang nangisa! Ndang!

WATI
Boten, Pak. (Wedi)

PAK WIRA
Bocah aleman!
Kana gek budhal! Jare arep sekolah kok mung gembyeng wae!
(Mlaku nyang pawon. Mbuh njipuk apa)

WATI
Ayo, Bu! Terne! (Mewek. Nggandhuli tangane ibune)

BU SRI
Budhal dhewe ta, Ndhuk. Wong sekolahane mung kulon omah ngono kok. Kae lho wis dienteni kanca-kancamu. (Nduding neng njaba)

BUDI, ANI, & ANDI
Watiii! Ayo mangkat! (Nadane munggah midhun)

WATI
(Noleh kancane) Yuh, emoh!

PAK WIRA
(Metu saka pawon. Nggawa godok)
Urung sida budhal?!

WATI
(Kaget. Mak jranthal mlayu metu) Kula bidhal riyin. Dadah…

BU SRI GEDHEG-GEDHEG KARO MESEM. PAK WIRA NYUMET UDUT, JARE BEN TENANG.

(Bersambung)

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

One thought on “Wati Salon #2”

Leave a Reply

Your email address will not be published.

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.