Wati Salon #4 (Habis)

Bu Sri miwiti anggone mepe kumbahan. Kelingan yen garwane durung budhal, terus ngendikan rada banter, “Ngenteni apa ta, Pak?!” karo meres kumbahan. Terus dikebutne.

“Ngosik. Nggoleki rek. Mbok deleh ngendi mau?!”

“Enek sandhing kompor!” semaure Bu Sri.

Padha ngertenana ya pra kanca, kompore Bu Sri kuwi yen diceklekne wis ora isa murup dhewe. Kudu diceklekne, terus dicedhaki geni. Lagi isa mak wug!

“Angger njilih kok ora gelem mbalekne!” ngendikane Pak Wira karo nganthongi korek, “Wis, aku budhal sik, Bu!”

Bu Sri rampung olehe mepeni kumbahan. Bar mbalekne ember neng jedhing, kaget merga weruh sepatune Wati gemblethak neng cedhak cendhela sisih njaba, “Pak! Pake! Gusti Allah… Mengko dhisik, aja budhal sik!”

Pak Wira melu kaget. Terus mlayu. Semelang yen bojone kenek apa-apa. “Enek apa, Bu? Enek apa?!”

“Iki lho, coba pirsanana! Sepatune putrimu mbok guwak rene! Tujune ora digondhol ngasu!” Bu Sri semremet.

Pak Wira ora ngendikan apa-apa. Piyambake bingung campur getun. Saya suwe dirasak-rasakne, ana wisikan ghaib kang ngusik isi atine.

Ing atase sepatu kok nganti keri. Iki cetha pratandha kang ora kena disepelekake.

“Bu, coba sepatu gawanen rene! Pasangane sisan!” panjaluke Pak Wira. Terus mlaku nyang teras. Lungguh.

Karo ngelungne sepatu, Bu Sri isih nesu, “Arep mbok kapakne?! Pirang mbara ya ndang di…” durung nganti rampung wis didhisiki Pak Wira.

“Bu, tulung kowe menenga dhisik!”

Bu Sri ndhingkluk. Melu lungguh jejer bojone.

“Bu, coba rungokna. Aku wis nyuwun pirsa bab kedadeyan sepatu sing keri iki. Manut karo apa kang wus dak tampa, dimen kabeh padha rahayu slamet, luwih becik Wati aja disekolahne dhisik. Titik!” karo mbalekne sepatune Wati nyang pangkone Bu Sri.

“Nanging, Pak,” Bu Sri mbrebes. Sepatu didekep.

“Ora susah digetuni, Bu. Yen durung wektune, dikapak-kapakna mung dadi pikiran.”

“Pak…” Bu Sri nggondheli tangane Pak Wira.

“Ora apa-apa, Bu. Sing lila, ya. Iki ya kanggo kabecikane Wati, anake dhewe. Mara gage kana paranana putrimu menyang sekolahan. Matura karo Pak Guru, yen Wati durung tekan wayahe sekolah,” ngendikane Pak Wira iki mungkasi crita kang wus pirang-pirang dina dianti-anti dening para maos.

(Cuthel)

Wati Salon #1

Wati Salon #2

Wati Salon #3

Wati Salon #4 (Habis)

Leave a Reply

Your email address will not be published.

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.