Dhasare Kucing Asu

Pembaca yang budiman, selamat malam.

Masih banyak makhluk yang lebih pantas dicangkem-cangkemne, dimatak-matakne, dan dindhas-ndhasne; selain manusia. Selain manusia. Selain manusia.

Cangkeme kodhok unine theot theblung gara-gara ngerti matane kucing sing kemepyor nalika kesorot lampu sepedhane Pak Ngabdul. Piyambake lagi wae kondur saka hik kulon prapatan Supit Urang, mborong ndhas pitik bakar.

Tan kocapa, kucinge Pak Ngabdul cangkeme ngaor-ngaor ngerti ndhas kodhok sing kejepit lawang.

Paningale Pak Ngabdul ora sida ngantuk, merga kaget ndhas bakar-e wis ilang digondhol kucing.

Dhasar kodhok kaya kucing, kucinge kaya asu. Cetha wela-wela seje panganane, lha kok kodhok lan kucing kober ‘makarya bebarengan’, nyolong ndhas pitik bakar.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.