Mulih saka jumatan, Pak Ngabdul gembreneng turut ndalan, “Aku ndhek jaman nom-noman ora patek mangan sekolahan. Mung sing tak eling-eling patang aksara, yaiku: Nga, Ba, Da lan La, ”
Aku sing ngetutne ana mburine mung mbatin, “Jabang bayik, athik enek wong tuwek kok kaya ngene.” ![]()
“Nga, ngerti ngelmune. Ba, bareng wis ngerti terus dak coba. Da lan La, datan nate leren anggoku ngamalne; nek basane wong saiki jare istiqomah,” Piyambake isih nerusne grenengane.