Mitos 29 Februari

Pas dina iki, aku biasa wae. Asline iki ya mung dina tambahan kesepakatane para manungsa. Ket wingi-wingi ya wis nambah. Sithik-sithik, ning ora krasa.

 

Wis umum menawa barang sing ora ketok mlaha kuwi, arang-arang sing maspadakake.

Yen kesepakatan kaya ngene iki, akeh sing padha ngrayakake. Klebu aku dhewe. Merga meh ora ana sing untung apa dene sing rugi.

Seje meneh karo kesepakatan-kesepakatan liyane sing bisa digolekne bathi. Mesthi wae ana sing gelem ngrayakne, ana uga sing moyok-moyoki.

Yen tranah niyat golek bathi, kana neng pasar kana. Nyepakne modhal dhisik. Wis ora modhal, kepengin bathi. Woo, lha kene, ayo tak kancani. Hahaha…

Leave a Reply

Your email address will not be published.

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.