Penyakit Punya Perasaan

Tilik Pak Ngabdul. Pirang-pira ndina ora tau njedhul. Tibake piyambake lagi gerah. Ning ora parah.

“Ngga kula tambakne? Obat napa suntik, Pak?” tak tareni.

“Ora sah repot-repot, Mas. Aku emoh diarani ngePHPin penyakitku iki. Penyakit ya duwe perasaan. Dheweke pengin dirasakne. Sing tenang, mengko nek wis dirasakne, penyakite bosen, njur lunga karepe dhewe,” ngono ngendikane Pak Ngabdul.

“Ngeten lhe Pak Ngabdul, jenengan niku termasuk cikal bakal kampung ngriki, dados jenengan niku klebet ‘pelaku sejarah’ ingkang kedah njagi kasarasan. Amargi menawi wonten warga ingkang mbetahaken ‘informasi akurat’ babagan kampung ngriki, sinten malih cobi ingkang saget crita dakik-dakik, menawi sanes njenengan??? Dados jenegan niku termasuk ‘barang langka’ ingkang kedah dipun jagi,”

“Pun, gek mang klamben dawa! Ngga kula terne suntik!”
“O alah… Wong tuwek og kandhan-kandhanane angel timen,”

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *